Jumat, 13 Maret 2015

Pranatacara Adicara Perpisahan Siswa Kelas IX



Assalamualaikum Wr. Wb.

Ingkang kinurmatan Kepala SMP N 2 Mlati, Ibu Rini Trimurti Mg, S. Pd., M. Hum. Ingkang kula hurmati Bapak/ Ibu guru sarta kanca – kanca ingkang kula tresnani.
           
Langkung rumiyin sumangga kita aturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah ingkang sampun kepareng paring kanugrahan arupi kasarasan jasmani lan rohani sahengga ngantos wekdal punika kita saged makempal ing Aula SMP N 2 Mlati ing adicara perpisahan siswa kelas IX.
           
Kula ingkang jinejer minangka pranatacara badhe ngaturaken reroncening adicara ing enjing menika.

1.      Pambuka
2.      Tanggap wacana saking Kepala Sekolah
3.      Tanggap wacana saking Ketua OSIS
4.      Tanggap wacana saking Ketua Panitia
5.      Sumene
6.      Donga lan panutup

Menika kala wau reroncening adicara ingkang badhe kita lampahi. Nuwun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar