Jumat, 14 Agustus 2015

Conto Pawarta Basa Jawa


Lengene Bayi Digunting Ibune Dhewe

(Jombang) Miris banget kelakuane Nur Inani Ana (33) warga Dusun Ngudirejo, Diwek. Marang putrine dhewe. Dheweke tega nggunting tangan bayine kang isih umur 7 wulan dek wingi (25/8). Nyebabake lengen kiwa bayine meh pedhot.
“Otot lengene pedhot, sawise diwenehi pangrumatan, bayi kasebut terus dirujuk menyang RSUD dr.Soetomo Surabaya,” atur dr. Agung, dokter jaga UGD RSUD Jombang.
Agung ngrujuk bayi kasebut menyang RSUD dr. Soetomo sawise nyuwun palilah menyang dokter spesialis. ”Sawise tatune ditutup, bayi langsung karujuk menyang RSUD dr. Soetomo.” ujare. Kahanan balunge pedhot opo ora durung iso menehi katrangan kang rinci. ”Kawula dereng ngantos mreksani kahanan balungipun langsung kawula rujuk.” ujar dr. Agung. Aisyah (jenenge bayi kasebut) digawa keluargane menyang RSUD Jombang jam 10.00, kahanane parah banget. Awake lemes, amergo ngetokake getih waras saka lengen kiwone. Nganti ora bisa nangis naming misek-misek lan luh mripate dredes terus.
Tekan rumah sakit, Aisyah langsung diinfus liwat sikile, sedelo banjur iso nangis. Tangis Aisyah leren amergo bapake menehi dot susu formula.
Aisyah, putri kang kapisan pasangan Arifin (31) lan Nur Inani Ana. Kedadean diwiwiti saka tangise Aisyah, ora ngerti sebab apa kok nangis terus saka isuk. Ing omah gedhe iku, anane mung Aisyah, ibune lan simbah putri, Sa’adah (48). Arifin bapake Aisyah wiwit isuk wis budhal menyang pasar cukir dodolan sayuran. ”Aku keprungu tangise wiwit jam 05.30,” kandane salah sijine paman Aisyah omahe ora adoh saka omah korban. ”Tak kiro nangis lumrah. Tangise kok ora kaya biasane, tangisane kok suwe banget, padahal biasane bocah kuwi ceria banget.” ature pamane.
Jam 09.30, dheweke ngajak Sa’adah niliki Aisyah ing kamare, sakarone kaget banget weruh tangane Aisyah ngetokake getih nganti nelesi seprei lan jogan. Ibune dhewe mung mandeng wae.
Ora kepingin putune tambah parah, Sa’adah lan putrane (paman Aisyah) gawa Aisyah menyang RSUD Jombang. Sawetara Aisyah dirujuk menyang RSUD dr. Soetomo Surabaya dikancani bapake dhewe jam 11.30, Sa’adah mulih niliki kahanan ibune korban.
Arifin kaget banget weruh kahanan kaya mangkene. ”Wektu kadadean aku isih ning pasar. Saka pasar aku langsung budhal mrene,” kandane Arifin.


TUGAS
What   (apa) : Lengene bayi digunting ibune dhewe

When   (kapan) : 25 Agustus 2012

Who    (sapa) : Nur Inani Ana : pelaku; Aisyah : korban; Arifin : bapake korban; Sa’adah : simbahe korban; Paman : pamane korban

Why     (ngapa) : Ngetokake darah akeh saka tangan sing digunting ibune

Where  (ningendi) : RSUD Jombang

6.      How    (kepiye) : Aisyah kahanane parah banget

Tidak ada komentar:

Posting Komentar