Kamis, 03 Desember 2015

Geguritan

Geguritan yaiku wohing susastra kang basane cekak, menthes, lan endah.

Geguritan asale saka tembung "gurit" kang ateges kidung utawa tulisan kang awujud tatahan.

Paugerane geguritan :
a. Cacahing gatrane ora tartamtu
b. Ora pinathok ing guru wilangan lan guru lagu
c. Bisa nggunakake purwakanthi
d. Lumrahe nganggo lelewa basa (majas)

Geguritan iku kalebu puisi Jawa modhern, amarga ora kaiket ing aturan kayadene tembang.
Geguritan iku basa simbolik, tegese minangka penggalihan-penggalihan kang dislamurke lumantar reroncenan tetembungan.

Kanggo ndhudhah lan ngonceki maksud ing geguritan bisa kanthi cara ngowahi geguritan dadi gancaran (prosa). Teknik kaya ngene iki lumrah ingaran nggancarake (gawe parafrase).

Parafrase yaiku ukara-ukara kang ora jangkep ing geguritan ditambahi tembung-tembung kang pas, satemah ukarane dadi gamblang. Nanging ukarane dadi bisa dimangerteni.

Ciri-cirine geguritan :
a. Cekak (ora wujud ukara sing nggladrah)
b. Menthes (tembunge duwe makna kang jero)
c. Endah (ngemu maneka unsur kaendahan basa)
d. Tetembungane pilihan, laras karo maksud lan swasana

Badaning geguritan :
Perangan badan geguritan dumadi saka perangan lair lan batin.

Perangan Lair (fisik), kadhapuk saka :
a. Praupan (tipografi) : wujuding geguritan
b. Diksi : pamilihing tetembungan
c. Imaji : reroncen tembung kang bisa nuwuhake pengalaman indrawi
d. Tembung wantah kang ngemu pralambang, pasemon, utawa pepindhan
e. Lelewa basa (gaya bahasa/ majas) : panganggone basa kang bisa nuwuhake konotasi tartamtu, sugih teges utawa makna
f. Purwakanthi : swara-swara kang dibaleni sajroning geguritan

Perangan Batin (non-fisik), kadhapuk saka :
a. Tema : magepokan karo maknane geguritan kang wutuh
b. Rasa : sikepe pangripta marang geguritan kang ditulis
c. Nada : sikepe pangripta marang pamaca
d. Piwulang : pesen kang bakal diaturake pangripta marang pamaca

Tidak ada komentar:

Posting Komentar