Kamis, 03 Desember 2015

Tembang Macapat

Macapat = maca papat papat

Tembang macapat yaiku asiling reritan ingkang nggadhahi paugeran.

Jenis Tembang
a. Sekar Alit : macapat
b. Sekar Madya : jurudemung, wirangrong, balabak
c. Sekar Ageng : girisa
d. Sekar Dolanan : cublak-cublak suweng, jamuran, padhang bulan

Paugeran Tembang Macapat : anane guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.
Guru gatra : cacahing gatra saben sapada
Guru wilangan : cacahing wanda saben sagatra
Guru lagu : tibaning swara ing pungkasaning gatra

Cacahing tembang macapat ana 11 (miturut buku Tembang Macapat Arintaka, 1981)

1. Maskumambang
Nggambarake jabang bayi sing isih ono ing kandhutan ibune, sing durung kawruhan lanang utawa wadon.
- Guru gatra : 4
- Guru lagu lan guru wilangan : 8a 11i 8u 7a 12u 8a 8i

2. Mijil
Nggambarake bayi kang wis lair lan jelas priya utawa wanita.
- Guru gatra : 6
Guru lagu lan guru wilangan : 10i 6o 10e 10i 6i 6u

3. Sinom
Ateges kanoman. minangka kalodhangan sing paling wigati kanggone wong anom supaya bisa ngangsu kawruh sak akeh-akehe.
- Guru gatra : 9
Guru lagu lan guru wilangan : 8a 8i 8a 8i 7i 8u 7a 8i 12a

4. Kinanthi
Saka tembung kanthi utawa tuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya.
- Guru gatra : 6
Guru lagu lan guru wilangan : 8u 8i 8a 8i 8a 8i

5. Asmarandana
Ateges rasa tresna. Tresna marang liyan kang kabeh mau wis dadi kodrat ilahi.
- Guru gatra : 7
Guru lagu lan guru wilangan : 8i 8a 8e 8a 7a 8u 8a

6. Gambuh
Saka tembung jumbuh/ sarujuk kang ateges yen wis jumbuh njur digathukake antarane priya lan wanita sing padha nduweni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisa urip bebrayan.
- Guru gatra : 5
Guru lagu lan guru wilangan : 7u 10u 12i 8u 8o

7. Dhandhanggula
Nggambarake uripe wong kang lagi seneng-senenge, apa kang digayuhke bisa kasembadan. Kelakon nduwe sisihan/ kaluwarga, duwe anak, urip cukup kanggo sak kaluwarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah/ bombong atine, bisa diarani ndhandhanggula.
- Guru gatra : 10
Guru lagu lan guru wilangan : 10i 10a 8e 7u 9i 7a 6u 8a 12i 7a

8. Durma
Saka tembung darma/ weweh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripe, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyane kang lagi nandhang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepengin weweh marang sapadha-padha.
- Guru gatra : 7
Guru lagu lan guru wilangan : 12a 7i 6a 7a 8i 5a 7i

9. Pangkur
Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka.
- Guru gatra : 7
Guru lagu lan guru wilangan : 8a 11i 8u 7a 12u 8a 8i

10. Megatruh
Saka tembung megat roh utawa pegat roh/ nyawane, awit wis titi wancine katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa.
- Guru gatra : 4
Guru lagu lan guru wilangan : 12u 8i 8u 8i 

11. Pocung
Yen wis dadi layon/ mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sakdurunge dikubur.
- Guru gatra : 4
Guru lagu lan guru wilangan : 12u 6a 8i 12a

Tidak ada komentar:

Posting Komentar