Penyiar : tiyang ingkang ngaturaken pawartos
Wartawan : tiyang ingkang pados pawartos
Orator : penyiar ingkang ngaturaken wosing pawartos
Narator : penyiar ingkang maosaken isinipun pawartos kanthi jlentreh
Jurnalis : tiyang ingkang damel pawartos
Teknik Maosaken Pawartos
a. Pocapan/ lafal : nggatosaken aksara vokal punapa konsonan
b. Lagu ukara : gegayutan kaliyan andhap inggiling swara
c. Kawijangan pocapan : gamblang dipunmirengake saha leres tumraping pangagem basa
d. Pandhelenging netra sasaged-saged tajem mawas prabawa, kanthi pandulu jejeg
e. Sikap maos ingkang santun miwah leres
f. Sakderengipun maos kedah sampun mangertosi intisarinipun pawartos
g. Anggenipun maos ngginakaken pandom pangucapan basa baku
Unsur Pawartos :
5W + 1H
what (apa)
who (sinten)
where (wonten ing pundi)
when (kapan)
why (kanging menapa)
how (kados pundi/ kepiye)
Peranganing Pawartos
a. Irah-irahan pawarta (head-line) : tetenger pawarta
b. Titi mangsa (date-line) : kapan pawartos menika dipunserat
c. Pambukaning pawarta (lead) : ukara pambuka ing paragraf kapisan ingkang ngemu warta wigati (fakta)
d. Lantaran (bridge) : tetembungan ingkang nglantaraken pambuka lan badaning pawartos
e. Badan pawartos (body) : ukara/ paragraf kangge nglajengaken perangan pambuka
f. Pungkasaning pawarta (leg)
Titikanipun Pawartos
- Publisitas (saged dipuntampi dening masyarakat)
- Aktual (enggal)
- Objektif (boten pilah-pilih)
- Narik kawigaten
- Fakta
Tidak ada komentar:
Posting Komentar