Kamis, 03 Desember 2015

Ranggawarsita

R. Ng. Ranggawarsita
Sang Pujangga ing Tanah Jawa

Raden Ngabehi Ranggawarsita (14 Maret 1802 - 24 Desember 1873) kuwi pujangga pinunjul budaya Jawa saka kaluwarga pujangga kraton Surakarta kang misuwur, yaiku kaluwarga Yasadipura. Lair kanthi asma Bagus Burhan ing tanggal 10 dina Senen Legi, wulan Dulkaidah, tahun Be 1728, wanci jam 12 awan. Bagus Burhan iku putra pambarep saka Mas Ngabehi Ranggawarsita (Pajangswara), abdi dalem Panewu Carik Kadipaten Anom. Ibu Raden Ngabehi Ranggawarsita yakuwi Nimas Ajeng Ranggawarsita, putri saka Mas Ngabehi Suradirja Gantang kang wasis banget tembang macapat gaya palaran. Sawise disapih, Bagus Burhan banjur diasuh dening Empu Tanujaya. Raden Ngabehi Ranggawarsita urip lan diwasa ana ing wewengkon kaluwarga kraton Jawa kang kebak konsep logika, etika, lan estetika.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar